Friday, July 31, 2015



Kebo Lulumpat Ing Palang
Dening : Heny Lestari

Negara Indonesia inggih menika salah satunggaling negari hukum. Pernyataan mekaten sampun katulis wonten Undang­-Undang NRI taun1945. Sedaya kemawon ingkang ditindhakake mesthi wonten aturanipun wonten Undang-Undang lan peraturan sanesipun ingkang sampun ditetapaken dening pemerintah.peraturan menika saged wonten bab hukum, ekonomi, pendidikan, lsp. Kita warga negara ingkang sae kedhah tundhuk dhumeteng hukum menika. Hukum menika nggadhahi sifat kang tegas. Sedaya warga negara tanpa mandhang jabatan, ras, lan suku kedhah tundhuk kaliyan hukumlan mbotan angsal nglanggar aturan menika. Yen hukum menika dilanggar,sakmenika badhe pikantuk hukuman kang tegas. Pemerintah ndamel hukum menika ingkang tegas wonten maksudipun. Maksudipun inggih menika supados rakyat indonesia saged tertib, rukun, ayem lan trentem.
Hukum ing Indonesia sakmenika sampun mboten sami kaliyan hukum ing jaman rumiyin. Hukum ing jaman menika saged dipun ibaratipun kaliyan paribasan “kebo lulumpat ing palang”. Paribasan menika nggadhahi ateges yaiku “ngadili perkara nganggo wewaton”. Ananging ing kawontenan sakniki mboten jumbuh kaliyan hukum ing Indonesia. Wonten faktor ingkang nyebabaken hukum menika dhadhos mekaten. Salanh satunggaling sebabipun inggih menika pemerintah ingkang mboten nggatosaken kaliyan kawontenan ing Indonesia lan kathah sanget kedadean ing Indonesia. Perkawis menika ndhadekake hukum ing Indonesia lemah. Pemerintah Indonesia sakmestine kedhah mbenahi hukum ing Indonesia supados hukum menika saged dados hukum ingkang berkualitas.
Akibat wonten kahanan menika, sakmenika ing Indonesia kathah kedadean-kedadean ingkanng mboten ngremenake. Salah satunggaling tuladhanipun yaiku kedadean tindak pidana korupsi ingkang sampun parah. Kathah pegawai, perangkat pemerintahan ingkang korupsi. Arta ingkang dikorupsi yaiku artanipun rakyat kang jumlahe mboten sekedhik,jumlahipun saged ngantos milyaran lan trilyunan rupiah. Ananging pemerintah mangertosi kedadean menika sampun telat. Tiyang ingkang korupsi menika badhe di penjara wonten penjara ingkang sanes kaliyan penjara biasane. Panggonan penjara menika katon luwih mewah tinimbang penjara biasane. Kedadean kang nunjukake hukum ing Indonesia lemah yaiku hukuman ingkang sampun ditetapake kangge para tindak pidana korupsi kang ngantos pilihan taun saged dados namung sekedhik hukumane. Para tindhak pidana korupsi ngganti hukuman menika ngangge arta. Tindakan menika mboten trep kaliyan hukum kang sampun ditetapaken ing Indonesia.
Kangge ngatasi kedadean menika, pemerintah kedhah nindhakake tindhakan khusus supados hukum ing Indonesia saged dados sae maleh lan berkualitas ing taun saklejengipun. Mugo ing taun saklajengipun Indonesia kedhah dados negara hukum ingkang berkualitas lan mboten maleh kaya paribasan “kebo lulumpat ing palang”.