Kebo
Lulumpat Ing Palang
Dening : Heny Lestari
Negara
Indonesia inggih menika salah satunggaling negari hukum. Pernyataan mekaten
sampun katulis wonten Undang-Undang NRI taun1945. Sedaya kemawon ingkang
ditindhakake mesthi wonten aturanipun wonten Undang-Undang lan peraturan
sanesipun ingkang sampun ditetapaken dening pemerintah.peraturan menika saged
wonten bab hukum, ekonomi, pendidikan, lsp. Kita warga negara ingkang sae
kedhah tundhuk dhumeteng hukum menika. Hukum menika nggadhahi sifat kang tegas.
Sedaya warga negara tanpa mandhang jabatan, ras, lan suku kedhah tundhuk
kaliyan hukumlan mbotan angsal nglanggar aturan menika. Yen hukum menika
dilanggar,sakmenika badhe pikantuk hukuman kang tegas. Pemerintah ndamel hukum
menika ingkang tegas wonten maksudipun. Maksudipun inggih menika supados rakyat
indonesia saged tertib, rukun, ayem lan trentem.
Hukum
ing Indonesia sakmenika sampun mboten sami kaliyan hukum ing jaman rumiyin.
Hukum ing jaman menika saged dipun ibaratipun kaliyan paribasan “kebo lulumpat
ing palang”. Paribasan menika nggadhahi ateges yaiku “ngadili perkara nganggo
wewaton”. Ananging ing kawontenan sakniki mboten jumbuh kaliyan hukum ing
Indonesia. Wonten faktor ingkang nyebabaken hukum menika dhadhos mekaten.
Salanh satunggaling sebabipun inggih menika pemerintah ingkang mboten
nggatosaken kaliyan kawontenan ing Indonesia lan kathah sanget kedadean ing
Indonesia. Perkawis menika ndhadekake hukum ing Indonesia lemah. Pemerintah
Indonesia sakmestine kedhah mbenahi hukum ing Indonesia supados hukum menika
saged dados hukum ingkang berkualitas.
Akibat
wonten kahanan menika, sakmenika ing Indonesia kathah kedadean-kedadean
ingkanng mboten ngremenake. Salah satunggaling tuladhanipun yaiku kedadean tindak
pidana korupsi ingkang sampun parah. Kathah pegawai, perangkat pemerintahan
ingkang korupsi. Arta ingkang dikorupsi yaiku artanipun rakyat kang jumlahe
mboten sekedhik,jumlahipun saged ngantos milyaran lan trilyunan rupiah.
Ananging pemerintah mangertosi kedadean menika sampun telat. Tiyang ingkang korupsi
menika badhe di penjara wonten penjara ingkang sanes kaliyan penjara biasane.
Panggonan penjara menika katon luwih mewah tinimbang penjara biasane. Kedadean
kang nunjukake hukum ing Indonesia lemah yaiku hukuman ingkang sampun
ditetapake kangge para tindak pidana korupsi kang ngantos pilihan taun saged
dados namung sekedhik hukumane. Para tindhak pidana korupsi ngganti hukuman
menika ngangge arta. Tindakan menika mboten trep kaliyan hukum kang sampun
ditetapaken ing Indonesia.
Kangge
ngatasi kedadean menika, pemerintah kedhah nindhakake tindhakan khusus supados
hukum ing Indonesia saged dados sae maleh lan berkualitas ing taun
saklejengipun. Mugo ing taun saklajengipun Indonesia kedhah dados negara hukum
ingkang berkualitas lan mboten maleh kaya paribasan “kebo lulumpat ing palang”.
No comments:
Post a Comment